TRADHISI ZIARAH MAKAM KYAI AGENG MUHAMMAD BESARI ING DESA TEGALSARI KECAMATAN JETIS KABUPATEN PONOROGO (TINTINGAN FOLKLOR)

Main Article Content

Wima Kholifatul Hafiidah
Yohan Susilo

Abstract

Tradisi lan budaya ing masyarakat Jawa, khususé ing Desa Tegalsari, Kecamatan Jetis, Ponorogo, nduwèni khasanah kang unik, salah sijiné yaiku tradhisi ziarah makam Kyai Ageng Muhammad Besari.Tradisi iki ditindakake saben wulan Sela déning warga Tegalsari, déné masyarakat saka njaba desa bisa nziarahi tanpa waktu tartamtu. Tradisi iki klebu folklor setengah lisan, lan panalitèn iki nyinaoni papat aspek: (1) asal-usul tradhisi ziarah makam Kyai Ageng Muhammad Besari, (2) tata laku, (3) ubarampe lan maknané, lan (4) tujuwan para peziarah.Tujuan panalitèn iki kanggo njlentrehake sejarah, tata cara, simbol-simbol ubarampe kaya tumpeng, kembang setaman, lan ambeng, sing nduwèni makna syukur, penghormatan, lan sedekah. Panalitèn migunakaké metode deskriptif kualitatif kanthi teknik wawancara, observasi, lan dokumentasi. Analisis ngandhalaké teori folklor saka Danandjaya. Tradisi iki diyakini diwiwiti sawise séda Kyai Ageng Muhammad Besari taun 1747.  Para santri wiwit ndedonga ing makamé, nganti dadi tradisi taunan kang kudu dilakoni warga desa. Prosesi ziarah kapérang dadi telu: titi siyaga (musyawarah lan gotong royong), titi laksana (tahlil, ambengan, ziarah), lan titi wasana (bubaran panitia). Saliyané warga desa, masyarakat umum ziarah kanthi tujuan pribadi tanpa ritual khusus. Adhedhasar angket, tujuan ziarah antara liya: jejodohan, pakaryan, pendhidhikan, lan hiburan. Tradisi iki ora mung minangka warisan budaya, nanging uga wujud syukur lan pakurmatan marang leluhur, utamané Kyai Ageng Muhammad Besari.


 


Tembung Wigati :  Folklor, Tradhisi, Ziarah Makam, Kyai Ageng Muhammad Besari.

Article Details

Section

Articles

How to Cite

TRADHISI ZIARAH MAKAM KYAI AGENG MUHAMMAD BESARI ING DESA TEGALSARI KECAMATAN JETIS KABUPATEN PONOROGO (TINTINGAN FOLKLOR). (2025). Argopuro: Jurnal Ilmu Bahasa, 10(3), 81-90. https://ejournal.cahayailmubangsa.institute/index.php/argopurojournal/article/view/4418

Similar Articles

You may also start an advanced similarity search for this article.