JAJANAN TRADHISIONAL ING KABUPATEN NGANJUK (TINTINGAN FOLKLOR)

Main Article Content

Sri Rejeki Dwi Cahyani
Sukarman

Abstract

Jajanan tradhisional ing Kabupaten Nganjuk kalebu perangan saka folklor dudu lesan. Panliten iki nyritakake babagan wujud, bahan, cara nggawe, makna, piguna, lan cara nglestarikake jajanan tradhisional Nganjuk. Tujuan panliten iki kanggo nambah dokumentasi lan kawruh babagan jajanan tradhisional. Metodhe kang digunakake yaiku deskriptif kualitatif kanthi asil dhata lisan lan tulisan. Panliten nemokake 21 jinis jajanan tradhisional ing Nganjuk, dipérang dadi loro: jajanan mligi (9 jinis), antara liya kucur, mendut, mbel-mbel, jadah, jenang, madumangsa, nagasari, wajik, lan apem; lan jajanan sampingan (13 jinis), kayata jongkong, dumbleg, cenil, klepon, sawut, lopis, ketan ireng, gethuk lindri, grontol, onde-onde, utri, rangin, lan bikang. Bahan utama jajanan iki biasane glepung beras, glepung trigu, lan godhong gedhang. Cara nggawe ana sing isih tradhisional lan ana sing wis moderen. Jajanan iki nduweni makna simbolis, contone jajanan kucur ing acara lamaran nglambangake rejeki calon manten sing ngucur terus. Piguna jajanan tradhisional ora mung minangka panganan, nanging uga nduweni fungsi sosial lan budaya, kayata ngrembakakake hasil bumi, pituduh nilai, nyambung rasa sosial, lan media ekspresi. Upaya nglestarikake jajanan tradhisional Nganjuk bisa ditindakake liwat edukasi (ing sekolah lan media sosial), promosi, inovasi bungkusan, nyuguhake jajanan ing acara adat lan resmi, lan nerbitake buku dokumentasi jajanan tradhisional.


 


Tembung Wigati : folklore, dudu lisan lan, jajanan tradhisional

Article Details

Section

Articles

How to Cite

JAJANAN TRADHISIONAL ING KABUPATEN NGANJUK (TINTINGAN FOLKLOR). (2025). Argopuro: Jurnal Ilmu Bahasa, 10(3), 101-110. https://ejournal.cahayailmubangsa.institute/index.php/argopurojournal/article/view/4436

Similar Articles

You may also start an advanced similarity search for this article.