PERANE WANITA SAJRONE NOVEL PANGGONJAK ANGGITANE OYOS: TINTINGAN FEMINISME
Main Article Content
Abstract
Perane Wanita bisa owah nalika anane ombyaking jaman kang tansah modheren. Babagan kasebut nuwuhake panliti kanggo ngangkat panliten ngenani perane wanita sajrone novel Panggonjak anggitane Oyos. Panliten menika nduweni petang ancas, yaiku ngandharake wujud perane wanita ing ruwang dhomestik, wujud perane wanita ing ruwang publik, pepalang kang ditandhang, lan pamawase masarakat tumrap perane wanita ing ruwang publik. Metodhe panliten kang digunakake yaiku metodhe dheskriptif kualitatif. Sumber data primer saka novel Panggonjak anggitane Oyos, dene sumber data sekunder arupa buku, skripsi, lan artikel kang slaras kalawan topik skripsi. Dhata sajrone panliten arupa narasi lan pacelathon. Tata cara ngumpulake dhata nggunakake teknik golek pustaka, teknik maca pustaka, lan teknik nyatet. Tata cara nganalisis dhatane yaiku nglumpukake dhata, ngredhuksi lan nggolongake dhata, lan narik dudutan. Asil lan andharan panliten perangane ana papat, yaiku (1) wujud perane wanita ing ruwang dhomestik sajrone novel Panggonjak anggitane Oyos ana telung sub bab yaiku wanita minangka garwa, wanita minangka ibu, lan wanita mianangka objek seks. (2) wujud perane wanita ing ruwang publik sajrone novel Panggonjak anggitane Oyos ana limang sub bab yaiku wanita pendhidhikan, wanita makarya, wanita kang merjuwangake hak wanita, wanita merbawani, lan wanita kang nduweni jiwa sosiyal. (3) wujud pepalang kang ditandang wanita ing ruwang publik ana telung sub bab, yaiku kasejateran ora kawujud, kakurangan modhal kanggo ngembangake usaha, lan ngatur wektu ora bagus, (4) pamawase masarakat tumrap perane wanita ing ruwang publik ana rong sub bab yaiku pamawase kang nyengkuyung lan nulak tumrap perane wanita ing ruwang publik. Adhedhasar panliten menika ana pambeda sikep antarane peran kang ditindakake dening wanita. Pambedane amarga budaya kang dianuti. Paraga wanita kang nduweni peran ing ruwang dhomestik manut budaya patriarki, dene paraga wanita kang nduweni peran ing ruwang publik manut budaya modheren. Mula, panliten menika migunakake tintingan feminisme.
Tembung wigati: Perane wanita ing ruwang dhomestik, perane wanita ing ruwang publik, feminisme