PANGREMBAKANE MEDHIA PASINAON VIDHEO ANIMASI ABASIS APLIKASI PLOTAGON MATERI UNGGAH-UNGGUH BASA KELAS VIII SMP NEGERI 5 SURABAYA
Main Article Content
Abstract
Medhia pasinaon utamane ing salahs sawijine materi unggah-ungguh basa Jawa minangka salah swijine wujud budaya kang isih kudu dilestarekake, utamane marang pasarta didik ing skolah. Ngrembag salah sawijine medhia pasinaon yaiku wujud nglestarkeake budaya Jawa, saengga medhia pasinaon vidheo animasi abasis aplikasi plotagon, dirembag utamane ing SMP Negeri 5 Surabaya, ngupayakake isih bisa nyelarasake kalihan pangrembakan teknologi lan nglesatrekake budayane dhewe. Tujuwan panliten iki yaiku kanggo ngaweruhi 1) proses pangrembakan medhia pasinaon vidheo animasi abasis aplikasi plotagon, 2) kualitas medhia pasinaon vidheo animasi abasis aplikasi plotagon, lan 3) respon siswa saka medhia pasinaon vidheo animasi abasis aplikasi plotagon kang samangke bakal didadekake acuan ing SMP Negeri 5 Surabaya kelas VIII. Panliten iki nggunakake methode panliten pangrembakan Reserch and Development (R&D) Dick and Carry kang ana 5 tahap kang kudu dilewati, ananging isi ana wewatesan namung ing level 1. Teknik ngempalaken dhata kang digunakake yaiku kanthi observasi, wawancara, sarta angket kang dilakokake nalika PLP. Asil prodhuk kang wis diwiwiti saka analisis, dhesain, pangrembakane prodhuk kanthi revisi. Prodhuk iki wis pikantuk validhasi saka para ahli kang wis nuduhake katrangan “layak banget” kanggo digunakake sajronne pasinaon.
Kata kunci: Medhia Pasinaon, Vidheo Animasi, Plotagon,
Unggah-ungguh