TRADHISI HAUL MBAH JANTEN ING DHUSUN BECIRO DESA BECIRONGENGOR, KECAMATAN WONOAYU KABUPATEN SIDOARJO (TINTINGAN FOLKLOR)
Main Article Content
Abstract
Haul Mbah Janten minangka salah sawijining tradhisi sing ana ing Kabupaten Sidoarjo, mligine ing Desa Becirongengor, Kecamatan Wonoayu. Tradhisi haul iki kalebu folklor setengah lisan sing asring dilakoni dening masarakat Desa Becirongengor. Tradhisi iki dianakake dening warga minangka wujud rasa kurmat marang sesepuh sing mbabad alas desa kasebut. Ora mung iku, sesepuh iki uga wulang ilmu-ilmu agama Islam sing nganti saiki isih dipigunakake ing sabendinane masyarakat Desa Becirongengor. Underan Panliten ing panaliten iki yaiku: kepriye mula bukane, wujud lan makna ing tradhisi haul iki, lan apa fungsine tradhisi haul kasebut. Konsep sing digunakake ing panaliten iki yaiku konsep masyarakat Surabaya sub-Sidoarjo, konsep kabudayan Jawa, konsep folklor setengah lisan, konsep tradhisi Jawa, konsep makna, lan pungkasane konsep fungsi. Saliyane iku, panaliten iki uga nduweni tujuwan, yaiku: sing kapisan, supaya panaliten iki sing ngangkat judhul Haul Mbah Janten bisa nambah wawasan kanggo sing maca, sing kapindo, supaya skripsi iki bisa njlentrehake lan nerangake babagan tradhisi Haul Mbah Janten kanthi tinjauan folklor. Metode sing digunakake ing panaliten iki yaiku deskriptif kualitatif. Sumber data sing digunakake yaiku sumber data primer lan sumber data sekunder. Teknik nglumpukake data sing dienggo sajroning panliten iki yaiku wawancara lan dokumentasi.
Rangkaian acara ing tradhisi Haul Mbah Janten iki diperang dadi telung bageyan. Sing pisanan yaiku titi siyaga, kagiyatan sajroning titi siyaga yaiku mbentuk panitia, nyiapake piranti sing dibutuhake, lan syarat-syarat kanggo warga nalika acara haul. Sing kapindo yaiku titi laksana, kagiyatan sajroning titi laksana yaiku maca Al-Qur’an saka juz 1 nganti juz 30, sambutan saka ketua panitia lan kepala desa, ngirim doa, lan tahlilan. Sing katelu yaiku titi wasana, yaiku kegiatan pungkasan ing acara haul iki yaiku mangan bareng lan resik-resik. Saliyane iku, ing haul iki uga dibutuhake ubarampe sing kudu ana, yaiku sesaji, berkat, tumpeng, lan jajan pasar. Tradhisi Haul Mbah Janten iki uga nduwe fungsi sing migunani, kayata minangka sistem proyeksi, pengesahan budaya, sarana pendhidhikan, sarana kanggo netepake norma masyarakat lan taksih katah fungsi liyane. Mulane, anane tradhisi Haul Mbah Janten iki banget migunani kanggo masyarakat lan generasi sing bakal teka, amarga nuduhake mula bukane desa sing dienggoni lan kahanan masyarakat saiki amarga Mbah Janten lan kulawargané ing jaman biyèn.
Tembung Wigati : Tradhisi Haul, Tintingan Folklor, Mbah Janten